Anggitanipun Kangjeng Pangeran Arya Suryaningrat.
DHANDHANGGULA
01. Sruning sedya yun manedhak
tulis, tyas kapencut mireng wasitarja, faedah geng surasane, Jeng
Pangeran anggitanipun, Suryaningrat paradyeng nagri, Pakualam Yogya,
kartadi kang dinung, methik cariyos srat babad, kala Cakrajaya puruhita
maring, Jeng Sunan Lepen Jaga.
Serunya
hendak menciptakan menyalin menulis, hati terpesona mendengan nasehat,
faedah besar manfaatnya, karya Kanjeng Pangeran, Suryaningrat bangsawan
negeri, Pakualaman Yogyakarta, Adi Ningrat, mengambil cerita dari babad,
tentang Cakrajaya yang berguru, kepada Sunan Lepen Jaga.
02. Wusnya pinaringan nama salin,
Sunan Geseng gya nyuwun pitedah, supaya trang panampine, cekak aos mrih
cukup, kaop tiyang kira pangreti, suprih tinggal ngertinya, kawarna
ingriku, Sunan Geseng marek ngersa, manembah ing suku Kangjeng Sunan
Kali, sarya matur mangngrepa.
Sesudahnya
diberikan nama baru, Sunan Geseng segera meminta petunjuk, supaya
terang penerimaannya, singkat saja supaya cukup, agar orang mudah
mengerti, supaya tetap mengerti, tersebutlah di situ, Sunan Geseng
menghadap, menyembah kaki Sunan Kalo, seraya berkata memohon.
Duh
Sinuhun hamba memohon kemurahamu, tentang ilmu makrifat, lalu Kanjeng
Sunan Lepen berkata, ya kamu benar, karena wajib mengatasi hidup, dengan
mengharapkan rahmat, pahala dari Hayang Agung, dan takut siksa Allah,
yang seperti itu dinamakan budi mutakin, menjadi syaratnya iman.
04. Ngatasing wong kang manedya
mamrih, Nurhidayat trangging pangawikan, patang prakara margane, dhihin
kang wus kasebut, iya iku budi mutaqin, lire Widi ing Allah, kang
kapindho kudu, andhap asor ing sapadha, ping telune den karem brata
tataki, ngadohi ing kadonya.
Syarat
bagi orang untuk mendapatkan berkah, Nurhidayat menerangkan
pengetahuan, ada empat jalan, sebagaimana telah disebutkan sebelumnya,
yaitu budi mutakin, artinya takut kepada Allah, yang kedua harus
bersikap rendah hati kepada sesama, yang ketiga khusyuk dalam beribadah,
menjahui keduniawian.
05. Kang kaping patira
nranggulangi, marang satru mungguh ing tyasira, yaiku hawa napsune,
aliya saka iku, mardi ring tyasira pribadi, ana telung prakara, kadhihin
kudu wruh, kasampurnaning panembah, iya iku ingkang kajarwa ing Patih,
ingngaran kukum sarak.
Yang
keempat mengendalikan, musuh yang ada dalam hati, yaitu hawa nafsu,
selain dari itu singkirkanlah, kuatkan hatimu, ada tiga jalan, yaitu
yang dijelaskan dalam hadist, disebut hukum syara’ (syari’).
06. Akeh lan kajarwa sekalir,
mengko pinet rikese kawala, pitung prakara perangnge, dhihin pangreh ing
kukum, kang kalawan den santosani, tininggal dadi dosa, yen linakon
antuk, palal tegese ganjaran, iya iku ingkang den arani wajib,
mungguhing kukum sarak.
Terlalu
banyak jika dijelaskan semua, nanti diringkas saja, dibagi menjadi
tujuh perkara, pertama taat pada aturan, dan harus dengan keyakinan,
bila ditinggalkan berdosa, jika dikerjakan mendapat, pahala atau
ganjaran, yaitu yang dinamakan wajib, yang ada didalam hukum syara.
07. Kaping pindho dhawuhing Hyang
Widi, ingkang nora kelawan wasesa, panggawe sunat arane, yen linakonan
antuk, gagantungan palaling Widi, tininggal siniksa, de kang kaping
telu, panyegah kelawan siksa, ginantungan palal yen nora nglakoni, yeku
jeneng ing karam.
Yang
kedua perintah Hyang Widi, yang tidak dengan kekuasaan, disebut sunat
namanya, jika dilakukan akan, mendapat pahala dari Tuhan, dan jika
ditinggalkan tidak mendapat siksa, dan yang ketiga, mencegah siksa, akan
mendapat pahala jika tidak dikerjakan, yaitu yang disebut haram.
08. Kang kaping pat cegahing
Hyang Widi, ingkang nora kelawan wasesa, yaiku makruh arane, yen
tininggal dadyantuk, gagantungan palaling Widi, linakon tan siniksa,
kaping limanipun, kang wenang mungguhing sarak, tan ginanjar sarta nora
andoni, yeku kang jeneng mubah.
Yang
keempat larangan Hyang Widi, yang tidak dengan kekuasaan, yaitu makruh
namanya, jika dtinggalkan akan, mendapat pahala dari Tuhan, dan jika
dikerjakan tidak akan dosa, dan yang kelima, yang berwenang terdapat
pada syara’, tidak diganjar serta tidak dosa, yaitu yang bernama mubah.
09. Kang kaping nem ingkang aran
sakih, tegese sah iku barang ingkang, sampurna sarat rukune, dene kang
kaping pitu, ingkang nora sampurna saking, sarat tuwin rukunnya, aran
batal iku, nuli bab kapindho wruha, iya kukum den arani kukum ngakli,
riningkes tri prakara.
Yang
keenam dinamakan shahih, artinya sesuatu yang sah, sempurna syarat
rukunnya, sedangkan yang ketujuh, adalah sesuatu yang tidak sempurna
dari, syarat dan rukunnya, dinamakan bathil, lalu bab dua adalah, hukum
yang bernama hukum aqli, yang diringkas menjadi tiga perkara.
10. Dene ingkang den arani wajib,
iku kabeh prakara ingkang sah, ingakal mungguh sujude, nora sah
ngadamipun, loro ingkang aran mustakil, sabalike kang nora, sah ing
wujudipun, mongka sah ing ngadamira, telu jais tegese, wenang ing
ngakli, sah ngadam sah wujudnya.
Sedangkan
yang dinamakan wajib, adalah semua perkara yang sah, di akal wujudnya,
dan tidak diterima ketiadaannya, yang kedua dinamakan mustahil,
sebaliknya yang tidak sah wujudnya, nanti dapat diterima oleh akal
adanya, ketiga ja’is artinya dapat diterima akal, sah ketiadaannya dan
sah wujudnya.
11. Engga kongsi bisa ngukumi,
marang prakara kang samar-samar, wajib wenang lan mokale, dene kang
kaping telu, ngawruhana ing kukum ngadi, tegese kukum ngadat, patang
prakareku, ingkang dhihin winicara, kukum ngadat yeku sambangnga ning
mukmin, ngadam kalawan ngadam.
Sehingga
sampai bisa mengetahui, kepada perkara yang samar-samar, wajib kuasa
dan mustahil, sedangkan yang ketiga, ketahuilah hukum qadi, artinya
hukum adat, ada empat perkara, yang pertama dikatakan, hukum adat yaitu
merujuk kepada mungkin, kekosongan dengan kekosongan.
12. Lir nora wong warek pasthi
saking, nora mangan kang kapindho adat, wujude kadi wong warek, iku
pasthi saking gonne, abukti katelu wujuding, kang saking ngadamipun,
kayata adheming badan, sabab tanpa kemul hutaling-ngaling, iku
umpamanira.
Seperti
orang yang tidak kenyang pasti dari, tidak makan yang kedua hukum adat,
yaitu seperti orang kenyang, karena makan, ketiga yaitu tidak terbukti
adanya, karena dari kekosongan, seperti dinginnya badan, karena tanpa
mengenakan baju, itu umpanya.
13. Kaping pate wujud ingkang
saking, ngadamira lir barang binakar, orane gosong wetdene, saka ananing
banyu, iku mungguh ing kukum ngadi, anging yen kukum ngakal, sah
sulayanipun, yen mungguh ing tokit nora, ora pisan wateking munkin
nglabeti, lan kuwat-kenuwatan.
Wujud
yang keempat adalah, sesuatu barang yang terbakar, tidak akan gosong,
karena adanya air, itulah hukum qadi, tetapi pada hukum akal, sah untuk
dimusnahkan, jika dalam tauhid, pertama wataknya menjalankan, dan
kuat-kuatan.
14. Dene ingkang jeneng ngelmu
tokit, iya iku maknaning kalimah, sahadat roro babare, witing agama iku,
sadurunge sira nglakoni, ing limang wektu salat, kang wajib dhihin
wruh, mring sifat kakking Hyang Suksma, lamak budda pil wujudi illalahi,
mangkana jarwanira.
Sedangkan
yang bernama ilmu tauhid, yaitu maknanya kalimat, dua sahadat, utama
bagi agama, sebelum kamu menjalankan, pada shalat lima waktu, yaitu
wajib pertama dimengerti, kepada sifat hak Hyang Suksma, Laa ma’buuda
fil wujudiillalahi, seperti itu lapalnya.
15. Nora sinebut wujud sakalir,
kang kalawan tuhuning panembah, anging Allah sajatine, kang napa Allah
iku, dat kang sipat rong puluh wajib, lan rong puluh kang mokal, siji
wenangipun, bab iku yen jentrenga, angenteke kartas pirang-pirang kodhi,
meksih kurang panjarwa.
Tidak
disebutkan semua wujud, yang dengan sesungguhnya menyembah, tetapi
Allah sebenarnya, apakah Allah itu, Zat yang sifat dua puluh wajib, dan
dua puluh yang mustahil, satu kekuasaannya, bab itu jika dijelaskan,
menghabiskan kertas berkodi-kodi, masih kurang penjelasannya.
16. Mengko ingsun jarwani
sathithik. Amrih angel ing panampa, sipate Allah jatine, yeku kang Maha
Agung, lire kang Maha Agung Luwih, ingkang sugiyanira, kabeh kang
maujud, kang nyata miwah kang samar, anyar kodim tan ana lyan kang
darbeni, muhung Allah tangala.
Nanti
saya jelaskan sedikit, mungkin sulit untuk diterima, sifat Allah
sebenarnya, yaitu Maha Agung, artinya yang lebih Maha Agung, yang
kekayaannya, semua yang berwujud, yang nyata dan yang samar, baru kodim
tidak ada lain yang memiliki, hanya Allah Taala.
17. Kehing swara warna rupa
tuwin, kabeh ananing tumitah, kasugiyaning dat kabeh, dalil ing kitab
usul, Allah mustagnayungan kuli, masiwah maknanya kang, sugih ing Hyang
Agung, mustakil ing kukum akal, yen anaa sawiji kang nyababbi, sugihira
Hyang Suksma.
Banyak
suara, warna, rupa, dan, semua adanya kehidupan, kekayaan semua zat,
dalil yang berada dalam kitab usul, Allah mustagnayungan kuli, masiwah
artinya yang kaya adalah Hyang Agung, mustahil di hukum akal, jika
adanya satu yang menyebabkan, kekayaannya Hyang Suksma.
18. Mokal lamun ana ingkang
kardi, dinadeken dening kang kinarya, iku kang anuduhake, yen Allah
sipat wujud, ananira dhihin pribadi, nora wiwitan ngadam, ing
salawasipun, langgeng ora kena owah, sarta sipat prabedane lawan munkin,
kang jumeneng priyongga.
Mustahil
jika ada yang bekerja, sehari jadi jika ada yang membuat, itu yang
menunjukkan, jika Allah bersifat wujud, dulu adanya paling pertama,
tidak ada permulaan hanya kekosongan, di sebelumnya, tetap tidak bisa
berubah, serta sifat pribadinya dengan munkin, yang berdiri sendiri.
19. Lire Allah iku dat sajati,
jatining dat ora kena ping dat, liya saking date dhewe, kaya upamanipun,
date cangkring lah saka ngendi, mokal lamun anaa, cangkring saking
blendhung, wiji duren tuwuh nangka, kang mangkana dadi tuduhe yen wajib,
dhateng Allah tangala.
Artinya
Allah itu zat yang sebenarnya, sebenarnya zat yang tidak bisa ke zat,
yang lain dari zatnya sendiri, seperti perumpaan, zatnya cangkring
darimana, mustahil jika ada, cangkring yang terbuat dari jagung rebus,
biji durian tumbuh nangka, yang seperti itu menjadi petunjuk jika wajib,
kepada Allah Taala.
20. Tan karepe lya date pribadi,
sampun kelawan dhewekira, pira-pira ing saksine swaraning rat sawegung,
tuwin rupa warna sakalir, miwah sakehing aran, araning tumuwuh, tuwin
sakehing pawarta, dadya dalil nuduhaken lamun Hyang Widi, mengku sipat
sampurna.
Tidak
lain kemauan zatnya sendiri, sempurna dengan sendirinya, banyak
saksinya, suara di jagad semua, dengan rupa, warna, semua, dengan semua
nama, nama yang hidup, dengan semua berita, menjadi dalil untuk
menunjukkan jika Hyang Widi, memangku semua sifat.
21. Wus kaseksen sabdaning Hyang
Widi, kang wus tinulis ing dalem Kuran, pinet surasane wae,
beda-bedaning rina, lawan wengi iku, dadi dalil ananing Hyang atasing
wong kang wus padha darbe budi, ngakal ingkang sampurna.
Sudah
disaksikan sabdanya Hyang Widi, yang sudah tertulis dalam Al-Qur’an,
diambil maknanya saja, perbedaan siang, dengan malam itu, menjadi dalil
adanya Hyang, bagi orang yang sudah memiliki budi, akal yang sempurna.
22. Mengko ingsun jarwani
sathithik, ananira swakabeh ran ingkang, kumandhang ing ngantarane, ing
bumi langit pitu, wus kajarwa neng ngusul mupit, ananing kabeh swara,
yeku dadya tuduh, wajibing sipat pamiyarsa, tan lyan muhung dattolah.
Nanti
saya jelaskan sedikit, adanya semua suara yang, bergema diantara, di
bumi langit tujuh, sudah dijelaskan didalam kitab usul mupit, adanya
semua suara, yaitu yang menjadi petunjuk, di dalam sifat wajib
mendengar, tidak lain hanya zat Allah.
23. Tuwin rupa lan warna sakalir,
agal lembut barang kang kumendhang, kumelip ing jagad kabeh, riningkes
dadya catur, ireng abang kuning lan putih, sesining jagad raya, yeku
dadya tuduh, wajibing sipat paningngal, ingkang tetep mungguh kang dat
kang ningali tan lyan muhung dattolah.
Dengan
rupa warna semua, kasar lembut sesuatu yang bergema, berkelip disemua
jagad, diringkas menjadi empat, hitam, merah, kuning dan putih, seisinya
jagad raya, yaitu menjadi petunjuk, di dalam sifat melihat, yang hanya
zat yang melihat, tidak lain hanya zat Allah.
24. Miwah aran-araning dumadi,
kabeh kabar kang sumebar ing rat, goreh temen saanane, warta kanggo roh
iku, lidding yekti mruhken kang yekti, dumadi kabeh nyata, yeku dadya
tuduh, wajibe sipat ngandika, ingkang teteping dat kang presipat
angling, tan lyan muhung dattolah.
Dengan
bermacam nama mahkluk, semua kabar yang menyebar di jagad raya, sangat
meragukan sebenarnya, berita untuk roh itu, sebenarnya yang sebenarnya
mengerti yang sebenarnya, mahkluk semua nyata, yaitu menjadi petunjuk,
wajibnya sifat berbicara, yang tetapnya zat yang bersifat bicara, tidak
lain hanya zat Allah.
25. Lah ellingnga sakehing
dumadi, iku ana bisa-bisa sirna, saking ngadam kawulane, tumeka marang
wujud, nora wurung yen bakal bali, mring kailangnganira, yeku dadya
tuduh, wajibe sipat kang wenang, ingkang tetep mungguh ing dat akardi,
tan lyan muhung dattolah.
Dan
ingatlah semua mahkluk, semua yang ada itu bisa sirna, dari kekosongan
awalnya, sampai kepada wujud, tidak ada yang tidak akan kembali, kepada
ketiadaannya, yaitu menjadi petunjuk, wajibnya sifat yang kuasa, yang
tetap hanya zat yang tidak terlihat, tidak lain hanya zat Allah.
26. Dadi tetep mokale Hyang Widi,
dumunung barang kang kinarya, wajibe iku kang gawe, marang sakehing
makluk, saking wenang dennira kardi, gawe utawa ora, ing sakarsanipun,
sarta kabeh karsanira, tan kalawan lantaran sawiji munkin, muhung date
priyanggo.
Jadi
tetap mustahi Hyang Widi, berada pada sesuatu yang dicipta, wajibnya
itu yang mencipta, kepada semua mahkluk, berkuasa dari yang diciptanya,
mencipta atau tidak, terserah padanya, serta semua kehendaknya, serta
tidak ada satupun yang menandingi, hanya zatnya sendiri.
27.Iku dadi nuduke yen wajib,
Allah dennya karya ing sabarang, nora ngalap paedahe, lan kukuwatan
sagung, nora ana sawiji munkin, adarbe daya kuwat, tetep kabeh iku,
kasugihaning Hyang Suksma, mangke wruha yen saben-saben dumadi, mesthi
ana kang karya.
Itu
menjadi petunjuk jika wajib, Allah berkuasa atas semua ciptaannya,
tidak mengharap faedah, dan kekuatannya yang agung, tidak ada satupun
yang mungkin boleh, memiliki daya kekuatan, tetap semua itu, kekayaan
Hyang Suksma, karena itu mengertilah setiap makhluk, pasti ada yang
mencipta.
28. Saben wujud pesthi karep
maring, kang mujudaken yen tan mangkonoa, iku mokal ing kukume, tuwin
anane ngelmu, pesthi ana kang den kawruhi, tetep kabeh kahananan, karep
maring ngelmu, ngelmu teteping dattolah, kabeh urip pesthi ana kang
nguripi, lan kabeh pawilangan.
Setiap
wujud pasti dicipta kepada, yang menciptakan jika tidak seperti itu,
itu mustahil hukumnya, dengan adanya ilmu, pasti ada yang mengetahui,
tetap semua keadaan, pasti tertuju pada ilmu, ilmu tetapnya zat Allah,
semua hidup pasti ada yang menghidupi, dan semua perhitungan.
29. Iku pesthi karep mring
sawiji, uga dadi tuduhe yen nyata, Allah kang sawiji datte, sawiji
sipatipun, sarta appengalira sawiji, nuli angawruhana, kabeh munkin iku,
kabeh yen presipat anyar, sarta wajibing munkin nora nglabetti, kelawan
watekira.
Itu
pasti tertuju kepada satu, juga menjadi petunjuk jika nyata, Allah yang
satu zat-Nya, satu sifat-Nya, serta satu pendapatnya, lalu ketahuilah,
itu munkin boleh semua, semua jika bersifat baru, serta wajibnya munkun
boleh tidak menjalani, itu semua kehendaknya.
30. Mung dattolah ingkang paring
sugih, nora karep mring dat kang akarya, lan sakehe makluk kabeh, marang
Hyang Agung, tetep takiru ilbahi, kulu mangadahika, lapal maknanipun,
kang karep marang dattolah, iya iku kabeh ingkang jumeneng munkin,
barang liyaning Allah.
Hanya
zat Allah yang memberikan kekayaan, tidak mau kepada zat yang bekerja,
dan semua mahkluk menyembah kepada Hyang Agung, tetap takiru ilbahi,
kulu mangadahika, lapal maknanya, yang mengharap kepada zat Allah, yaitu
semua yang dinamakan munkin, sesuatu selain Allah.
31. Lah dening pamrincining
tokit, rong puluh kang wajib sipating Hyang, lawan rong puluh mokale,
sawiji wenangngipun, lan sawiji sipat mustakil, liding sipat kang
wenang, kang kari wowolu, dhihin wajibing Hyang Suksma, murweng ngalam
kabeh nora ngalap pamrih, roro ing mokalira.
Sedangkan
perincian tauhid, dua puluh menjadi sifat Allah, serta dua puluh
kemustahilannya, satu kekuasaannya, dan satu sifat mustahil, inti sifat
yang kuasa, yang tinggal delapan, pertama wajibnya Hyang Suksma,
mengusai semua alam dan tak mengharap pamrih, dua dalam kemustahilannya.
32. Teluk kakking ngalam tan
nglabetti, ing lyan saking daya kukuwatan, papat iyeku mokale, kelima
ngalam iku, wajib sipat anyar sakalir, nenem mokale ngalam, pitu ngalam
sagung, wajib tan nglabetti ing lyan, ing wateke wolu mokal anglabeti,
gugung seket muktakat.
Tiga
haknya alam tidak menjalani, lain dari daya kekuatan, empat yaitu
kemustahilannya, kelima alam itu, sifat wajib baru alam, enam
kemustahilan alam, tujuh alam semesta, wajib tidak menjalani yang lain,
delapan wataknya tidak menjalani, jumlahnya lima puluh muktakat.
33. Nuli kaperang malih ngakait,
kang wolu likur iji muktakat, iyeku kabeh panjingnge, mring lapal
mustakniyun, mankulimasi wau nuli, kang sawiji perangan, muktakat
rarikur, kabeh iku panjing ngiri, marang lapal wamultakiruilbahi, huwa
kulu mangadah.
Lalu
terbagi lagi akait, yang dua puluh delapan, yaitu semua di masukan,
kedalam bacaan mustakniyu mankulimasi wahu, lalu salah satu bagian,
muktakat dua puluh dua, semua masuk, kedalam bacaan wamutakiruilbahi,
huwa kulu mangadah.
34. Kabeh iku wis riningkes
manjing, mring lapal lailalahillalah, wajib para mukmin kabeh,
miterangna bab iku, karana yen durung ngawruhi, parincining muktakat,
sarta panjingipun, maring kalimah tayibah, durung aran sampurna araning
mukmin, poma haywa papeka.
Semua
itu sudah diringkas, kedalam lapal lailahaillalah, wajib bagi para
mukmin semua, menerangkan bab itu, karena jika belum mengerti, perincian
muktakat, serta pengertiannya, kepada kalimat tayibah, belum dinamakan
sempurna mukminnya, oleh karena itu jangan diremehkan.
35. Sarta wajib maneh den
kawruhi, ing maknane kalimah tayibah, lan weruha ing maksude, mangkene
jarwanira, ora ana pangeran kang sugih, tan kareping sabarang, lyan
saking dattipun, sarta dat kang kinarepan, ing sabarang lyan saking date
pribadi, anging Allah tangala.
Serta
harus dimengerti, makna dari kalimah tayibah, dan ketahuilah maksudnya,
seperti ini penjelsannya, tida ada Pengeran yang kaya, tidak mengharap
sesuatu, selain dari zat-Nya, serta zat yang diharapkan, dalam sesuatu
selain dari zat-Nya sendiri, hanya Allah Taala.
36. Telas sabdani Sunan Kali,
Sunen Geseng duk tampi wasita, sir duh kining tyase, pindha bumala
luhung, kasuluhing pratongga pati, kang hujwala kawuryan, sumirat
samrawung ngrawungngi ing tri bawana.
Selesailah
wejangan Sunan Kali, Sunan Geseng ketika menerima ajaran, tercerahkan
hatinya, seperti raja besar, disinari matahari, yang kelihatan terang,
bersinar terang menyinari tiga dunia.
37. Dayaning kang wasitadi murti,
maratani sranduning jiwangga, lir talu rata sedhengnge, ngarang mangsa
katelu, katurunnan dresing kang riris, semiron angrembaka, yeku
pindhanipun, tumurune kalamolah dadya marta mongka, usadeng rohkanni,
nuwuhken tyas nirmala.
Tenaga
yang terdapat di dalam badan, merata kedalam jiwa raga, seperti talu
yang sedang menyebar, bagaikan musim ketiga (kemarau), tersiram hujan
gerimis, semi daun yang bermekaran tumbuh, yaitu ibaratnya, turunnya
kalamollah menjadi rendah diri, obat hati, menumbuhkan hati yang
sempurna.
38. Elinge lir pramarsudi sidi,
ning sedya sampurneng tekat, ywa kliru ing panampane, kabeh kawus-kawus,
tan lyan amung minangka paril, drappon dadi sarana,pambukaning kalbu,
nanging yen kakking dattolah, sajatine tan nana kangupameni, tamat
walahhukalam.
Ingatnya
sempurna seperti murid, yang menginginkan kesempurnaan tekad, jangan
salah dalam penerimaannya, semua sudah kalah, tidak lain hanya karena
nasib, agar menjadi sarana, pembuka kalbu, tetapi jika haknya zat Allah,
sebenarnya tidak ada yang bisa diumpamakan, tamat walahukalam.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar